Kediri Raya — Wargo Desa Grogol, Kecamatan Grogol, Kabupaten Kediri, sukses ngadakno Grogol Night Carnival. Acara sing digelar tanggal 30 Agustus kuwi diikuti kabeh wargo Desa Grogol.
Wiwit awal nganti rampung, acara katon rame lan meriah. Wargo padha antusias melu acara, nggowo macem-macem kreasi lan penampilan saka kelompok masing-masing.
Salah sijine wargo, Rendy, ngakoni puas karo pelaksanaan Grogol Night Carnival. Miturut dheweke, acara kuwi ora mung dadi hiburan kanggo wargo, nanging yo dadi kesempatan kanggo nampilno kreativitas.
Rendy dewe melu bareng kelompok Bederek Selatan. Nang acara kuwi, kelompok Bederek Selatan nampilno kreasi kanthi nggowo tema Roro Jonggrang.
"Yen aku pribadi puas karo acarane. Acarane rame, wargane yo antusias melu kabeh," ujare Rendy.
Rendy berharap, Grogol Night Carnival iso terus dianakno saben taun. Dheweke pengen acara kaya ngene iki ora mung mandek nang taun iki, nanging iso dadi acara rutin sing ditunggu-tunggu wargo.
"Mugo-mugo acara iki iso terus dianakno saben taun, ben tambah rame lan tambah apik," ujare.
Grogol Night Carnival dhewe dadi salah siji momen kanggo warga Desa Grogol kumpul lan guyub bareng. Saliyane dadi hiburan, acara iki yo dadi wadah kanggo wargo nampilno kreativitas lan kreasi masing-masing.