Kediri Raya — Wargo Desa Dukuh, Kecamatan Ngadiluwih, Kabupaten Kediri, saiki wis mulai nyiapke acara Blas Blar Mega Carnival. Acara iki digelar kanggo memperingati HUT ke-81 Republik Indonesia.

Rencanane, acara iki bakal diramekno karo luwih saka 30 sound kondang sak Jawa Timur. Rangkaian acarane bakal diwiwiti karo check sound ing dina Jumat, 9 Oktober 2026, dene acara puncake bakal digelar dina Sabtu, 10 Oktober 2026.

Saka keterangan panitia, Blas Blar Mega Carnival iki bakal digelar kanthi meriah. Saliyane ngundang puluhan sound ternama saka Jawa Timur, panitia uga bakal ngundang bintang tamu-bintang tamu kondang kanggo nambah rame acarane.

Panitia berharap acara iki iso dadi hiburan bareng kanggo masyarakat. Mula, kabeh warga diajak melu nyengkuyung supaya acara iso mlaku lancar, aman, lan tetep tertib.

"Pokoke awake dhewe pengen acarane rame, nanging tetep aman lan tertib. Mugo-mugo kabeh warga iso melu njaga supaya acarane lancar nganti rampung," ujare panitia.

Saliyane kuwi, panitia uga menehi imbauan marang kabeh peserta lan warga sing melu acara. Pasalnya, hiburan sound horeg saiki pancen lagi dadi omongan lan akeh dibahas nang media sosial.

Mula, panitia njaluk supaya para peserta tetep nampilake hiburan sing apik lan ora nglakoni perkara-perkara sing ora pantes. Salah sijine yaiku joget-jogetan sing kelewat batas lan mabuk-mabukan nalika acara berlangsung.

Panitia uga ngajak kabeh pihak kanggo bareng-bareng njaga keamanan lan ketertiban, supaya Blas Blar Mega Carnival iki iso dadi hiburan sing nyenengke tanpa ngganggu kenyamanan warga liyane.

Kanthi persiapan sing wis dilakoni, warga Desa Dukuh berharap acara iki iso mlaku lancar lan sukses, sekaligus dadi hiburan kanggo masyarakat Kediri lan sakupenge.