Kediri Raya — Akhir pekan iki, Gronjong Wariti isih dadi salah siji panggonan plesiran sing disenengi masyarakat Kediri lan sakupenge. Akeh wargo sing milih dolan nang Gronjong Wariti kanggo ngisi wektu preian bareng keluarga.
Andik, salah siji wargo saka Madiun, ngakoni cukup kagum karo Gronjong Wariti. Miturut dheweke, panggonan iki nduwe konsep sing sederhana, yaiku mung manfaatke kali lan bantaran kali, nanging iso disulap dadi panggonan plesiran sing nduwe akeh wahana.
"Aku cukup kagum. Konsepe sederhana, mung manfaatke kali karo bantaran kali, nanging iso digawe wahana sakmene akehe," ujare Andik.
Ora mung wahane sing akeh, Gronjong Wariti uga nduwe daya tarik saka regane. Selaras karo jargone minangka wisata paling murah sak Indonesia Raya, wong sing mlebu nang Gronjong Wariti ora perlu mbayar tiket alias gratis.
Ora mung kuwi, panganan sing didol nang kawasan wisata iki yo regane murah-murah. Mula, wong sing dolan nang Gronjong Wariti iso luwih ngirit, nanging tetep iso mangan lan seneng-seneng bareng keluarga.
Gabungan antarane mlebu gratis, wahane akeh, lan panganane murah iki sing nggawe Gronjong Wariti dadi pilihan kanggo wargo sing pengin plesiran tanpa kudu nyiapno dhuwit akeh.